Puisi Bahasa Jawa / Geguritan

Puisi Bahasa Jawa / Geguritan


Puisi Bahasa Jawa / Geguritan



WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU

rong puluh tahun kepungkuraku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
sak lawase ora nate ketemu
saliramu lan saliraku wusbeda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk

wusaja mbok tangisi lakon kangwus kapungkur
wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
ana cerita rinaju tendah

dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
pirsanana ana nduwur kae
ana tejaman thering sela-sela ning gegodongan
lan lintang panjer wengi sing isih kari sak menirgedhene

saiki aku lan sliramu lina mbaran rasa kangen
simpenen kangenmu ana impen ***



LINTANG-LINTANG

lintang-lintanga byor ing tawang
cumlorot sliweran nalika alihan
kumleyang mencoking socamu asihku
cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
ing telenge atimu sliramu tansah dakantu

lintang-lintang alihan
cumlorottelu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan



SEDYAKU

Wis, Jeng…
Aku sumeleh
nyeleh akepangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthe lelelakonku…

Pepengin kutansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dak prunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah milik anggoaku

Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mringati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guri tansiji…





share this article to: Facebook Twitter Google+ Linkedin Technorati Digg
Posted by THOIQUS SAMIH, Published at 01.38 and have 1 komentar

1 komentar:

  1. Mungkin kalau tahu artinya lebih mengerti tentang isi puisi itu yah kawan ? Nice artikel

    BalasHapus