Puisi Bahasa Jawa / Geguritan

Puisi Bahasa Jawa / Geguritan


Puisi bahasa Jawa / Geguritan

CeritaSakaManca

ing papan sarwa salju, aku
ngangen-angen lawanggubug binuka
ana bedhiyang lan lincak

nanging wis kebacut dadi salju
guritan apa denekekarepan
nglinthing bareng tumiyupe angin
nunjem-nunjem dom periih
sadawane wengi

kang mangka ing ngisor salju pinendhem candhi
sing durung kober kababar unine prasasti

Babad Wedhi Pasisir

Sorene sore jingga
wengine wengi biru
kembang pandhan mesem marang mbulan
tanganengawe-awe sajak kemayu
apa hiyaiki dayane layang atimu
sing jare bakal ditulis kalane ijen
lan sendhangmu ngamping-ampingan njendhela
sing wengi iki isih panggah binuka?

biyen aku nate apal gojegmu
kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
ing lemah suwung pinggire taman
ora ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana wingkissakeh ing kekarepan
nutup kudhup ing kekembangan

iki babad wedhi pasir
pina esganda aruming mawar
raras ing riris dhadhaku mesar



share this article to: Facebook Twitter Google+ Linkedin Technorati Digg
Posted by THOIQUS SAMIH, Published at 01.06 and have 0 komentar

Tidak ada komentar:

Posting Komentar